Punyakamu TERIMAKASIH TELAH BERKUNJUNG DI WWW.EDISI-SPESIAL.CO.CC JANGAN LUPA KOMENTARNYA TERIMAKASIH WWW.EDISI-SPESIAL.CO.CC Buy with VirtaPay

Translate

English French German Spain Italian Dutch Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified

this widget by www.AllBlogTools.com
[Welcome to the CB PK] .::. Max Min Restore
9 Online
avatar
@ Quota Juragan (14:56)
Says: ska lagee..
avatar
@ Quota Juragan (14:57)
Says: tipe maning..
avatar
@ Quota nuyul (15:01)
Says: someone like you......'
avatar
@ Quota looking for " yg pensi dari PK" (15:02)
Says: someone like you......' //
avatar
@ Quota nuyul (15:04)
Says: someone like you......' //  // lagunya so sweet.. pas bgt....
avatar
@ Quota looking for " yg pensi dari PK" (15:06)
Says: someone like you......' //  // lagunya so sweet.. pas bgt....  // hehe
avatar
@ Quota nuyul (15:08)
Says: someone like you......' //  // lagunya so sweet.. pas bgt....  //  hehe // puter dumk.. hehehheehe
avatar
@ Quota looking for " yg pensi dari PK" (15:09)
Says: someone like you......' //  // lagunya so sweet.. pas bgt....  //  hehe // puter dumk.. hehehheehe // bukan saya RJnya
avatar
@ Quota pipit (15:11)
Says: RJ tolong kasih nama ya.... biar tau sapa namanya
avatar
@ Quota L (15:12)
Says: RJ tolong kasih nama ya.... biar tau sapa namanya // sunarwan akwkwakaawk
avatar
@ Quota L (15:12)
Says: dygta
avatar
@ Quota pipit (15:12)
Says: mane die
avatar
@ Quota L (15:12)
Says: mane die //
avatar
@ Quota L (15:12)
Says: eh salah
avatar
@ Quota L (15:12)
Says: kawkwakwakwakwawka
avatar
L (15:12)
Says:
avatar
L (15:13)
Says: wan RJnya ganti itu nama
avatar
L (15:14)
Says: wan
avatar
@ Quota L (15:14)
Says: cuy
avatar
L (15:14)
Says: YM aja om pipit orangnya
avatar
۞ ♥ ¤ ™ BemBie ™ ¤ ♥ ۞ (15:20)
Says: pit di cariin admin tuh td mlm..
avatar
pipit (15:22)
Says: pit di cariin admin tuh td mlm.. // iya bem aku coba telp
avatar
Juragan (15:22)
Says: dealova
avatar
۞ ♥ ¤ ™ BemBie ™ ¤ ♥ ۞ (15:23)
Says: pit di cariin admin tuh td mlm.. // iya bem aku coba telp // yoi mas bro..
avatar
@ Quota ۞ ♥ ¤ ™ BemBie ™ ¤ ♥ ۞ (15:23)
Says: ketularan ente tuh mimin sekarat jg tepar..
avatar
@ Quota L (15:24)
Says: ketularan ente tuh mimin sekarat jg tepar.. // kawowkaokaow
avatar
L (15:25)
Says: gara gara gk jadi pergi tuh
avatar
@ Quota ۞ ♥ ¤ ™ BemBie ™ ¤ ♥ ۞ (15:26)
Says: gara gara gk jadi pergi tuh  // kayak nye.. dah mulai lom ente lay.. ane lg bls2 neh
avatar
@ Quota L (15:27)
Says: gara gara gk jadi pergi tuh  // kayak nye.. dah mulai lom ente lay.. ane lg bls2 neh // itu udah 5 trit,,monggo di balas
avatar

© 2th Chat 1.9999

B I U Color Image Link Smilies Reload Zoom

Hanya Sekedar Ungkapan

"jika hanya melihat engkau tidak akan pernah tahu rasanya, dalam itu takan sama seperti laut, gersang dan tandus bukan berarti tidak adanya air, cahaya tidak akan pernah terang bila tidak ada gelap disekelilingnya, setiap detik yang berlari takan ada kuasamu untuk menungganginya, hukum hanyalah penuntun bukan untuk membatasi dan melangkahi, kebebasan adalah menuntut aturan!!"
Struktur sistim’-nya seperti kesatuan sel yang terdiri ‘inti’ dan ‘plasma’, disebut dalam istilah Jawa ‘Gusti’ dan ‘Kawula’. Kalimatnya : “Manunggaling Kawula Gusti”. Untaian kata wewarah Jawa lainnya: ‘kembang lan cangkoke’, ‘sesotya lan embanan’, ‘sedulur papat kalima pancer’ (dalam konteks rohani manusia), Hyang Manik lan Hyang Maya; Manikmaya atau ‘Dzat Sejatining Urip’ (rohani jagad semesta) yang dalam istilah Jawa diberi sebutan: ‘Pangeran’ atau ‘Gusti’.
engajarkan bahwa tergelarnya jagad raya adalah diciptakan oleh Sang Hyang Wenang (sebutan lainnya: Sang Hyang Wisesa, Sang Hyang Tunggal), nama sebutan untuk Sesembahan Asli Jawa. Penciptaannya dengan meremas (membanting) antiga (benih, wiji, bebakalan) hingga tercipta tiga hal :
a. Langit dan bumi (alam semesta).
b. Teja dan cahya, teja merupakan cahaya yang tidak bisa diindera sedangkan cahya merupakan cahaya yang bisa diindera.
c. Manikmaya, yaitu “Dzat Urip” atau “Sejatining Urip” (Kesejatian Hidup, Suksma, Roh).
seluruh semesta seisinya adalah ciptaan Sanghyang Wisesa di alam suwung, artinya mencipta di dalam haribaan-Nya sendiri. Di dalam haribaan-Nya sendiri mengandung maksud bahwa Tuhan murbâ wasésâ (melingkupi, memuat, serta menguasai dan mengatur) seluruh semesta dan seluruh isinya.

Di dalam kesemestaan tersebut ada materi (bumi dan langit), ada sinar dan medan kosmis (cahya dan teja), dan ada Dzat Urip (Manik-mâyâ, Sêjatining Urip, Kesejatian Hidup) sebagai derivate (emanasi, pancaran, tajali) Dzat Tuhan. Pandangan inti menyatakan bahwa: Dzat Tuhan “tan kênâ kinâyângâpâ”, tidak bisa dihampiri oleh akal,
rasa, dan daya spiritual (batin) manusia. Yang mampu dihampiri akal, rasa dan daya spiritual (kebatinan) adalah Derivate Awal Dzat Tuhan yang di banyak penekunan kejawen disebut ‘Suksma Kawekas’. Saya sendiri lebih nyaman menggunakan sebutan Dzat Sejatining Urip, yang kemudian disebut: Pangèran, Gusti, atau Ingsun.
Sangkan Paran iku lakone Urip utawa Jiwa kang lagi tumurun saka kana tumeka ing kene, kang ing maune sira padha durung wikan (mangerti). Maune iku, karepe wiwitan utawa kana, dadi sangkane kang mau saka kana, parane mrene. Kosok baline, saka kene parane mrana. Iku yen mungguh tumraping wong lumaku, sing mesthi sangkane saka mburi parane menyang ngarep. Sawise tumeka ing paran (kene iki), yen arep marani sangkane, kudu lumaku ambalik. Ananging patrap kang mangkono iku rekasa, marga dunung lan dalane wis ora kelingan; rak iya ta? Coba caritaa sapa kang wus tau weruh, wong tuwa bisa bali dadi bocah maneh, banjur dadi bayi bali lumebu ing guwa garba, nuli bisa bali dadi jiwa? Iku aran mokal.

Ing mengko sarehning patrap ambalik iku ora bakal bisa kalakon, becike nganggo patrap lumaku ambanjur bae. Geneya teka mangkono? Iya awit mirid saka piwulang bab kaanan titahing Suksma, adhapur piwulang kang sajati ngenani jagad saisine kabeh, bawana iku wujude bunder. Dadi yen lumaku ambanjur, kang mesthi iya bisa tumeka ing panggonan maune. Awit araning enggon iku mung loro, kana karo kene. Kosok baline: kene karo kana. Dadi yen saka kana, parane mrene, lan manawa saka kene parane mrana. Waton lakune mau ora slewengan, utawa mompar mampir ndadak utang sangu barang, utawa maneh ndadak jajan ana ing warung, adus ing kedhung, mesthine rak iya bakal tekan ing kana ta?
Mulane padha den ngati-ati lan prayitna sarta kang eling, manawa kene iki akeh begalane lan akeh sambekalane, apa maneh dhasar gedhe cobane. Iku kang dadi pangridhu lan pamurunging sedya, kang marakake ora bisa sembada. Mangka kene iki wawayangane kana, lan kana iku iya wawayangane kene. Papadhane sira andeleng warnanira ana sajroning pangilon, yen kene tutul, kana iya tutul; kene lorek, kana iya lorek; kene ireng, ing kana iya ireng, mangkono sapiturute. Ana dene sakabehing rurupan iku, iya wujuding begalan. Begalan mau kadadeyan saka kurang pangati-atine mungguh pangreksane marang awake dhewe. Pinangkane mung saka karem angumbar karep, anuruti hawa napsune. Mangka karep lan hawa napsu iku, manawa diuja sangsaya makantar-kantar anggegirisi, tutuging endhon andadekake coba beka, kang mahanani awake dhewe dadi ambuntel, utawa ambalebet sarta ambabaluhi marang Pak Jiwa. Apa iya ora rekasa lakune Pak Jiwa mau? Sing mesthi kang amarga kabotan ing babaluh, dadi banjur banget ing sarentine. Terkadhang durung sapira dohing lakune, nuli karasa sayah, banjur trima mung mandheg ana ing saenggon-enggon bae. Gek kapan bisane menyang panggonane lawas? Jalaran saka kang mangkono iku, luwih prayoga manawa ingsun nyaritakake bab sangkan paran dhisik, lan kapriye sababe dene bisa tumurun marang ing donya iki. Apa maneh kapriye mungguh perlune kawruh kang
mangkono mau dibutuhake dening manungsa, lan kudu diudi kongsi kapara nyata nemu buktine, kang kalawan sinaksenan dening lepasing pandulu kita pribadi. Sarta maneh kumudu angawruhi marang dumadining rereged utawa luput kang sakawit. Duk nalika tumurun saka kana- kanane, rereged mau ora tinemaha. Marga kang mangkono mau, banjur ora diarani suci, dening wus anduweni cacat lan luput ing wiwitane. Mangka sajatine cacad utawa luput mau, tansah cumepak angadhang ana ing dadalan, kang diliwati dening kang lumaku saka sangkan (kana panggonane lawas), marang paran kene iki.
Dadi luput utawa reregede mau iya banjur sangsaya ajujul wuwul. Mulane Urip utawa Jiwa kang kawuwulan ing rereged iku mau lumrahe banjur diarani ‘kawula’. Amarga tekane wus kawuwulan dening rereged (kaluputan) kang kongsi andadekake lemesing dayane Pak Urip iku. Rumangsa kaya kinunjara ana ing sajroning gedhong wesi. Mulane saya akeh kaluputane, iya sangsaya ringkih uripe. Iya jalaran saking kandel lan gedhening kaluputane, Pak Jiwa kongsi kena diandheg ana ing kene watara lawas. Ora uwal utawa ora ucul yen bandhule kang kasar-kasar mau durung rusak. Dene bandhul utawa balebed kang wis rusak, diuwalake dening Pak Urip mau, lumrahe diarani mati.

Mungguh salugune Jiwa utawa Pak Urip iku ora bisa mati, ajeg ing salawas-lawase. Tembung ajeg iku, iya langgeng: apane kang langgeng? Yaiku uripe lan anane, yaiku Jiwa kang wus oncat saka buntel utawa bandhule. Dene buntel utawa bandhule kang kaprahe diarani raga, kang asipat kaya dene ragangan, kang ing tembe mesthi bakal rusak dadi wangke. Sanajan wis bisa oncat saka rereged utawa raga, suprandene iya isih ana maneh rereged kang ora gampang diuwalake. Ing ngarep wis ingsun caritakake, yen
rereged kang nutupi iku andadekake pepeteng lan lali, mulane iya ora gampang baline marang sangkan utawa padunungane lawas. Bisane bali marang panggonane lawas, manawa Pak Jiwa mung kari anggawa sarira pribadi. Amarga sarirane pribadi mau, asale saka sangkan lan ora kawoworan apa-apa, mulane diarani suci, bisa luluh lan jumbuh dadi sawiji, tetep jumeneng Maha Suci, tegese luwih dening suci. Kang wis widagda angudi mangkono mau, kaprahe diarani nyawarga, tegese sawarga iku, wus kumpul kalawan wargane (dadi siji). Dadi anane ing kono mung sarwa lega, iya lega dening wus bisa bali marang poke. Kang ana ing kono mung panjenengane pribadi, ora kantha ora kanthi, ora warna ora rupa, ora arah ora pernah, tetep jumeneng Maha Agung lan Maha Luhur, Maha Kawasa lan Maha Luwih, mulya langgeng tan owah gingsir.
Dene enggone sinebut Maha Agung iku, amarga jagad saisen-isene kabeh, kawasesa ing Panjenengane. Teteping Maha Luhur iku, jalaran sakehing kaanan, luwih asor tinimbang Panjenengane. Teteping Maha Kawasa, karana dumadining kaanan kabeh, kapurba ing Panjenengane. Teteping jumeneng Maha Luwih sebab sagunging kaanan, antuk palimarma saka Panjenengane. Tetepe Maha Mulya, dening kaanan kang dumadi ora bisa madha lan ora kawawa anggepok marang Panjenengane. Tegese langgeng tan owah gingsir iku, wiwit duk samana kongsi saiki, tumekane ing mbesuk, iya ajeg anane, ora owah lan tanpa cacad.
Kang mesthi Pak Jiwa kang kangelan bali marang panggonane lawas (sangkan) mau kepengin ambaleni ragangane nanging ora gelem jalaran wus arupa wangke. Mulane amilaur ngluyur saparan-paran, ngaub ana ing saenggon-enggon. Dadi tenagane Jiwa iku ora gampang sembadane bisa bali marang panggonane lawas manawa durung bisa nguwalake rereged utawa kaluputane. Jiwa kang sumanggar ana ing saenggon-enggon, utawa kang sumandha ing saparan-paran, iku yektine kena diarani neraka, jalaran kang sabenere kudu bali menyang panggonane lawas (sangkan), ananging ora bisa tumeka, amarga isih kawoworan rereged kang dadi babaluh mau. Ana maneh bandhul kang anjalari si Jiwa enggal bali maneh marang ing donya kene, ngrasuk raga anyar. Bandhul kang anjalari bisa bali ngrasuk raga anyar mau aran ‘ala utama’ utawa ‘reged apik’. Ing tembe, tumurun ing donya kang kapindho, lan yen bisa ngrucat sarta nguwalake saliring rereged, iya uga bisa bali marang panggonane lawas. Dene bandhul becik iku mau, asale saka karep kang dhemen anggayuh kautaman, angudi marang kang durung bisa andadekake pamareme. Dadi urip ing donya kang kaping pindho iku, perlune nutugakake kang digayuh lan diudi mau.
‘Guruning Ngadadi’ (Dzat Sejatining Urip atau Suksma Kawekas). ‘Guruning Ngadadi’ kemudian beremanasi menjadi 3 (tiga) unsur :
1. dzat urip,
2. cahya lan teja,
3. alam semesta (bumi langit).
Hubungan ketiga unsur tersebut tetap dalam ‘kesatuan tunggal’ yang saling pengaruh-mempengaruhi (hubungan kosmis-magis, samad-sinamadan).
Pada kejadian awal alam semesta yang mula-mula ada :
Pramana, Surya, Rembulan dan Kartika. Keempat unsur alam semesta ini memiliki daya masing-masing dan saling pengaruh mempengaruhi. Yang ‘menjila’ (memiliki kelebihan) adalah Pramana, yaitu ‘planet bumi’ berikut daya keilahiannya yang bersifat ‘kedher’ (bergetar), ‘mubeng mungset’ (berputar dan berotasi) dan ‘nyerot’ (menarik, menyedot) semua daya unsur yang lain. Surya diserot cahaya dan daya panasnya, Rembulan diserot ‘daya adhem’-nya, Kartika diserot ‘daya kedher’-nya. Kumpulan semua daya yang diserot Pramana tadi menghasilkan berbagai ‘kaanan’ yang melingkupi Pramana. Diantaranya berupa: jaladri (samudera), hawa (atmosfer), pratala (tanah), thathit (kilat), bledheg (guntur/guruh/halilintar), maruta (angin), amun-amun, umpluk dan lain-lain. Sedemikian rupa percampuran antar ‘dayaning’ kaanan yang di alam semesta (surya, rembulan, kartika) dengan ‘kaanan’ di bumi (Pramana) sehingga ketika menerima pancaran daya dari Guruning Ngadadi menjadi ‘bebakalan’ atau ‘bebadan’ urip. Yaitu ‘embanan’ untuk ‘panuksma’-nya ‘Urip’ atau ‘Jiwâ’ yang juga derivat dari ‘Guruning Ngadadi’.
Sajatining manungsâ iku rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsâ, karânâ Ingsun anitahaké wiji kang cacambôran dadi sâkâ karsâ lan panguwa-saning-Sun, yaiku sasamaning gêni bumi angin lan banyu, Ingsun panjingi limang prakârâ, yaiku: cahyâ, ciptâ, suksmâ (nyâwâ), angên-angên lan budi. Iku kang minângkâ êmbanan panuksmaning-Sun sumarambah ânâ ing dalêm badaning manungsâ.
maka semua yang ada merupakan ‘Maha Kesatuan Tunggal’ yang bersifat abadi tanpa awal dan akhir. Namun dalam keabadian itu bukan berarti ‘diam’, ada ‘dinamika perubahan’ di dalamnya. Setidaknya bisa kita ketahui adanya proses ‘menyatu’ antar daya unsur semesta yang menimbulkan sesuatu menjadi ‘ada’. Kemudian juga ada proses mengurai atau memisahkan diri dari antar daya yang menyatu tadi kembali ke ‘unsur-unsur azali’-nya. Demikian pula yang terjadi pada ‘titah manusia’. Bahwa ‘Urip’ sebagai emanasinya ‘Dzat Sejatining Urip’ bersifat abadi. Berasal dari Guruning Ngadadi dan akan kembali kepada Guruning Ngadadi pula. Namun proses kembali tidak semudah yang dipahami manusia pada umumnya. Penyebabnya bahwa ‘Urip’ yang menjalani hidup di alam madya (dunia) kewoworan (tercemar) oleh ‘percampuran antar daya dari semua kaanan yang membentuk raga dan embanannya. Di akhir hayatnya tidak semua manusia mampu menyempurnakan kesucian ‘Urip’-nya. Maka kembalinya ‘Urip’ tertahan di suatu tempat (maqam) yang disebut ‘Suwarga Pangrantunan’. Adalah tempat menunggu untuk kembali menyatu dengan Guruning Ngadadi atau kembali ke alam madya (dunia) untuk melanjutkan tugas dan baktinya yang belum selesai di kehidupan sebelumnya.
‘Swarga Pangrantunan’. Terkadhang akeh-akehe mung bisa ngucap lan amarga melu-melu utawa tiru-tiru saka gethok tular bae. Mula ingsun perlu nerangake menawa bebadane utawa bebakalane urip ana ing Swarga Pangrantunan kono, kang diarani ‘Trimurti’. Tegese, urip kang nganggo bebadan saka daya telung rupa. Iya iku ‘kaanan’ kang alus mau. Dadi urip kang wus nganggo badan jujul wuwul, tumpuk undhung nganti pating salengkrah kaya kang wus kacarita. Mulane kena dibasakake urip ingsun saiki iki wus ngagem badan kang luwih dening reged, utawa nganggo badan kang nistha kayadene raganingsun iki.
Bebadan utawa bebakalan urip kang ana ing Swarga Pangrantunan samengko diarani lamaking ‘Pujangkara’. Tegese gedibal (dhasar kang asor dhewe), yen tinimbang lan ‘kaanan’ dumadi kang isih murni (durung kamomoran), kang diarani isih suci, apa maneh katandhing karo ‘Guruning Ngadadi’, wus cetha banget adohe nganti ora kena diucap. Marga mungguh njupuk kaprahe tembung saiki, kang wus warata dimangerteni lan didhemeni sarta dianggep dening wong Jawa, Gusti Allah, iku sejatine iya Panjenengane kang diarani Guruning Ngadadi mau. Utawa baboning kaanan kang amurwa sakabehing rerupan. Dene semprotaning Guruning Ngadadi iya banjur kuwawa sairib kayadene Panjenengane, lan isih kena diarani suci. Dadi sarira kang suci iku sanyatane kang padha sinebut Allah. Dadi yen kang disebut ‘Gusti Allah’ iku yen ditimbang karo ‘Allah’ iya luwih dening bagus sarta luwih dening suci. Mulane disebut Maha Suci, tegese kang suci dhewe ora ana kang madhani.
Ing ngarep ingsun wus tutur karana kadhung wus saguh aweh katerangan lan pratelan, sarta aweh pituduh kang minangka lantaran mungguh ‘akal lan pratikele’ utawa ‘patrape’ wong angudi kawruh. Pamintaningsun ing tembe sira uga padha kasembadan anggayuh kasunyatane. Pamrihe murih sira kabeh padha bisa mangerteni marang kabeh kang wus ingsun caritakake mau. Dadi ora mung saka ‘anggitan’ bae. Kudu kapara nyata lan bukti melok dinulu lan linakonan ing sariranira pribadi. Ing mengko manawa wus sembada, sira lagi bisa mantep anggone ngarani yen iki kawruh kasunyatan kang sejati. Tegese kawruh kang ana temenan dudu bangsane anggitan bae. Awit anggitan iku dudu kawruh kasunyatan, nanging kang ana ing kono iku mung anggit. Mulane bangsaning anggitan iku yen digigit bakal ora dadi.
Giri lusi janma tan kena ingina; sadawa-dawaning dalan sarta kali isih dawa pikiraning manungsa; sajero-jeroning samudra isih jero atining manungsa; salembut-lembuting banyu isih lembut rasaning manungsa; sadhuwur-dhuwuring angkasa isih dhuwur bebudening manungsa. Iku nuduhake manawa manungsa wenang andarbeni ‘isi’ kang kapara nyata. Iya amarga iku, ingsun carita mangkene iki dhasar iya mung sabenere lan sagaduge anggoningsun ngudi kawruh. Dene manawa ana kang duwe panemu kang luwih edhi utawa luwih luhur, luwih luhung tinimbang karo kang wus ingsun pratelakake iku kabeh, ingsun iya ora bisa aweh katerangan kang andadekake mareming atine. Mulane pamintaningsun marang sira kabeh, kang sabar lan narima anggonira angudi kawruh kang ingsun pratelakake iki. Awit manawa orang mangkono, kang mesthi ora bisa cundhuk karo kaanane. Dadi sira kabeh ingsun purih sabar, supaya ora kasusu ing rembug. Paedahe kang carita aja kongsi kalimput marang kang bakal dicaritakake. Manawa kaliwatan, satemah andadekake kurang turute. Yen sira kurang narima, marga kepengin kudu sanalika sok glogok, iku yekti anjalari sigeging lalakon. Kajaba kang carita ngrasa ail lesane, kang nampani iya banjur kurang trampil panggraitane, satemah banjur akeh kang kacecer. Mulane ing saiki blakane ingsun wus krasa ail, dadi ingsun minta maklumira, ingsun padha lilanana ngaso dhisik: Tutuge bakal anyaritakake bab pepaking kaanan dumadi, kang dadi isen-isening bawana, nganti
tumedhaking ‘sarira suci’ ana ing arcapada. Lan sabanjure tumekane kondur ing ‘kraton mulya’ maneh, kaya kang wus kacarita ing ngarep. Saundurira, sira kabeh padha ingsun sebari sagunging puja hastuti murih yuwana lestari sembada kang dadi pangesthinira.
Sakehing kaanan kang ana ing sajroning jaladri kang uripe sarana nyawa iku cetha yen bebadane kedadeyan saka banyu udan. Terange mangkene: sakehing banyu udan iku tumibane wus kawoworan dening dayane kaanan kang ana ing udhara (langit), tibane ing jaladri iku bisa kumpul karo banyu jaladri, nanging ora bisa luluh dadi sawiji, amarga dayane wis ora padha; mula ya mung tansah kandheg ing sandhuwuring banyu jaladri iku. Ana ing kono banjur kawuwulan banyu udan kang saka ing dharatan (pratala, pentasan). Mulane banyu udan karone iku marga isih padha dayane, iya banjur bisa kumpul lan luluh. Tekane banyu udan kang saka dharatan iku wus katutan reregeding pratala.

Kumpuling banyu udan karone ana ing jaladri kono banjur kataman ing dayaning geni Pramana kang metu saka pratala dhasaring jaladri sarta tansah oleh sorot dayaning ‘kaanan tetelu’ kang kagawa dening sorot Guruning Ngadadi sarta wus kawoworan pirang-pirang dayaning kaanan kang ana ing langit, apa maneh kekedhering Pramana lan lakuning maruta tansah ora ana lerene. Mulane banjur kaya diinteri. Suwe-suwe bisa
dadi kaya glintiran cilik-cilik kekumpulan (gegrombolan), iku lumrahe diarani umpluk. Umpluk mau suwe-suwe saya akas, kongsi kawawa bisa ngendheg sorot Guruning Ngadadi kang tekan kono, banjur bisa urip sarana bebadan kang ginawa dening hawa kang wus kawuwuhan pirang-pirang dayaning kaanan kang ana ing langit. Yaiku kang diarani nyawa. Mula diarani mangkono, sabab iku kedadeyane lan lungane (sonyane) marga saka hawa. Mula sira padha nastitekna lan catheten ing sajroning kalbunira, eling-elingen aja kongsi lali lan sira aja kliru tampa sarta kliru surup, pilah-pilahing aran lan kasunyatane, kayata: raga iku gandhengane karo suksma, badan gandhengane karo nyawa, urip gandhengane karo jiwa.
Sarehning umpluk mau tansah kawuwuhan saka daya pirang-pirang, mulane suwe-suwe banjur duwe bobot. Dadi manawa tinimbang karo boboting banyu jaladri, isih luwih abot umpluk mau. Marga saka mangkono mau anjalari umpluk banjur padha kelem kongsi tekan ing pratala dhasaring jaladri. Satekane ing dhasar kono banjur kawuwuhan reregeding pratala iku, suwe-suwe bisa dadi lumut. Saya lawas lumut iku mundhak kasar sarta mundhak gedhe banjur mahanani rupa pating slawir lan siwil-siwil pating cerkakah. Sawuse mangkono banjur duwe daya nyerot. Kang pating saluwir ing pratala ana ing pratala iku banjur bisa mundhak dawa lan mundhak gedhe, nlosor sarta nlusup sumawana anggubet ing pratala. Pucuking saluwiran iku banjur menga utawa bolong lembut banget, kang minangka dalan dayaning pratala kang wus kawoworan rereged lan
kedhering Pramana kang sinerot dening kaanan iku. Malebuning daya marang babadan iku, gampange ingsun arani mangan. Mulane ingsun arani mangkono, marga malebuning daya kang sinerot, liwat wewenganing bolongan iku. Anggone mangan iku tansah ora ana lerene anjalari panggubete sangsaya kenceng (kukuh).
Mangkono uga siwilan kang ora ana ing pratala, lan ana bolongane ora beda karo saluwiran kang ada pratala mau. Iku uga piranti kanggo mangan dayaning banyu jaladri, sarta uga bisa mundhak gedhe lan mundhak dawa. Dene siwilan kang ora ana ing pratala iku diarani epang sarta epang iku thukul siwil maneh, ana kang gepeng, ana kang gilig, wangune ana kang bunder lan ana kang lonjong, ana kang pucuk lancip, lan ana kang lonjong. Siwilan iku uga ana bolongane, luwih dening lembut. Uga ana pirantine kanggo mangan dayaning banyu jaladri. Siwilane kang mangkono iku diarani godhong. Mulane diarani mangkono, awit iku sawijining piranti kanggo nadhahi sarta kanggo nyadhong kang dipangan. Dene saluwiran kang ana ing pratala, diarani oyot, karepe sawijining kekuwatan kang bisa angadegake bebadane kaanan iku. Kaanan sajroning jaladri kang mangkono iku diarani uwit, iku wutuhe saka tembung urip kang sakawit, bebadane uwit mau diarani kayu, iku mbok manawa wutuhe saka tembung ‘teka’ lan ‘yu’. ‘Yu’ iku karepe urip kang wus nganggo bebadan sarana nyawa. Dadi tembung ‘kayu’ iku, karepe urip kang tekane wus nganggo bebadan sarana nyawa. Dene kayu-kayu mau banjur padha katon pating pruntus utawa pating cringih, ana maneh kang nyeprok. Thukulan kang arupa mangkono mau diarani kembang. Mulane diarani mangkono, awit iku kayadene piranti kang kanggo nekem utawa ningkem wiji kang ing tembe bisa timbang karo bebadane.
Kembang mau suwe-suwe wangune bisa salin, ana kang gilig, ana kang gilig rada lonjong, ana bunder kepleng, ana bunder lonjong, ana maneh kang dhempok. Iku kaprahe diarani uwoh. Ananging sabenere ‘wuh’, karepe urip kang bakal tumuwuh. Dene sakabehe uwoh mau suwe-suwe bisa uwal karo uwite, amarga bisa luwas, gantelane utawa sambungane bisa bosok banjur coplok. Uwoh kang wus uwal saka uwite iki, banjur katutu lakuning banyu jaladri, kongsi bisa tekan ing saparan-paran. Lan banjur tuwuh utawa thukul, lawas-lawas banjur bisa timbang karo bibite, iku manawa wus padha pantog lawasing uripe. Dene wit-wit mau, uripe ana ing babadan ora langgeng. Dadi babadane uga bisa rusak (mati), mangkono ing sabanjure. Mungguh woh-woh mau ana uga kang banjur kumambang ing banyu jaladri lan katut lakuning ombak, banjur tumiba ing pratala pinggiring jaladri (pentasan, dharatan), tibane ing kono ana kang banjur bisa tuwuh, lawas-lawas uga banjur bisa uwoh lan bisa thukul kayadene kang wus ingsun caritakake mau. Dene wohe ana ing dharatan kang wus uwal saka wite, iku banjur tiba ana ing kanan-kiringe wit mau. Ana kang katutnlakuning maruta kongsi adoh parane, iku uga ana kang banjur bisa thukul; thukulane banjur matuh utawa kulina urip ana ing pentasan, mulane suwe-suwe rupane banjur beda karo bibite kang isih ana ing sajerone jaladri.
Saiki ambaleni bab isen-isening jaladri. Sawuse jaladri isi uwit-uwitan (kakayon) ing jaladri kono banjur katekan lunturaning pratala (pasir) kang katut ilining banyu. Pasir mau ana jaladri kono, iya banjur mundhak gedhene, ora beda karo pasir kang ana ing pratala (dharatan). Lawas-lawas uga banjur dadi watu, mung bae rupane beda karo watu-watu kang ana ing pratala pentasan mau, marga daya sajeroning jaladri iku beda karo dayaning banyu dharatan utawa dayaning banyu udan, awit banyu jaladri iku duwe daya asin lan landhep, anjalari watu-watu ing jaladri iku bolong-bolong pating complong kayadene barang kang wus gerang. Mulane watu ing jaladri mau wong Jawa lumrahe padha ngarani watu karang. Watu-watu ing jaladri iku uga ana kang kanggonan jiwa, ora beda karo watu kang ana ing pratala dharatan. Ing samengko sawise sajeroning jaladri ana kekayon lan watu-watu, banjur saya kuwat anggone nadhahi cipratane Guruning Ngadadi kang tumurune awor lan banyun udan; tekane ing banyu jaladri banjur dadi umpluk pating paruntus cilik-cilik. Bareng kataman soroting surya lintang lan rembulan, sarta maneh kawuwuhan saka dayaning hawa, sumawana kaaanan pirangt-pirang mau, banjur bisa duwe daya nyerot lan kedher sarta mubeng, ananging panyerote ora pati lepas; dadi kang kena sinerot iku mung hawa lan sorote Guruning Ngadadi kang wus cedhak karo panggonane.
Dene sorot-sorot mau, tekane kayadene wus sinaring ing langit, sarta kawuwuhan dayaning pirang-pirang kang ana ing sajeroning langit kono; mulane bebadane soroting Gurunuing Ngadadi mau kawawa urip ana ing kono, lan wuwuh kuwat sarta bisa wuwuh gedhe, mundhak atos sarta bisa alalapisan. Lapisane telung rupa, kang jero dhewe kuning semu abang, njabane putih semu abang; kang njaba dhewe putih utawa abang enom, utawa maneh biru enom. Bareng wus dadi mangkono, panyerote banjur ora bisa tekan ing njaba, dadi mung nyerot bebadane dhewe bae, lan banjur polah kedher amubeng. Badane iku tansah kaya digosok, mulane suwe-suwe iya banjur anget saya anjendhel (akas). Dene bunteling badan lapisan kang njaba dhewe tansah kataman dening sunaring surya, dadi bebadane banjur kaya digarang saka njaba lan njero; lapisan kang njaba dhewe iku diarani cangkang.
Kaanan kang mangkono mau lumrahe diarani ‘antiga’, tegese: urip kang nganggo bebadan lapis telu. Cangkange mau suwe-suwe kataman daya panasing surya, satemah anget ing jerone, banjur bisa pecah utawa mlethek. Bareng cangkang mau pecah, uripe jiwa mau anggone kedher lan nyerot wuwuh rosane, sarta wuwuh lepase, kongsi kawawa bebadane katutn katut obah, lan tansah gampang kagepok dening dayaning banyu jaladri lan dayaning surya lintang sarta rembulan. Saka daya kang mangkono iku, anjalari arupa bebadan sambungan telu. Panggonane bebadaning jiwa (cipratan) kang kaprenah ana ing jero, nuli dadi rupa ambendhol, diarani endhas; iku manawa bae kadadeyan saka tembung ‘endhon’ lan ‘tandhas’; sambungane maneh diarani awak utawa gembung. Mulane diarani mangkono, jalaran iku kang minangka dadi wadhahing hawa kang sinerot. Dene tembung ‘gembung’ iku, karepe yen hawa mau wus rinegem sajeroning wadhah iku, banjur katon mlembung. Awak lan gembung iku kadadeyan saka lapisaning bebadan kang arupa kuning. Dene putihe ambuntel sarta sambungane kang pungkasan, diarani buntut. Mulane diarani mangkono, jalaran iku bebuntelingt bebadan kang menawa obah tansah katut.
Sawuse arupa mangkono panyerote wuwuh rosa, ananging iya ora lepas banget. dadi kang kena sinerot iya mung saliring daya lan kaanan kang ana ing sacedhake bae. Saka kalumpukane kang sinerot iku, ana ana ing sajeroning gembunge, sawise nyarambahi ing bebadane, banjur ngesuk golek dalan bisane metu. Saking rosane daya kang arep metu, suwe-suwe awake banjur banjur bisa mobah sarta molah. daya kang mangkono mau diarani ‘karep’, tegese tekaning daya iku mau, yen panuju arep metu. Sarehning ‘karep’ iku pinanghkane saka daya pirang-pirang, iya iku saka saka dayaning kaanan kang ana ing langit, lan saka dayaning pramana miwah pratala, sumawana jaladri saisine kabeh, ‘karep’ iku enggone angobahake bebadaning jiwa lan awake kongsi bisa katut kagawa obah saka ing pernahe, marani menyangsalah sawijining kaananing sajeroning jaladri kono, kang gathuk (cocog) lan dayaning ‘karep’ iku. Saking kulinane anyerot, sarta kang wus sinerot saking serenge enggone arep metu, suwe-suwe ing perangane endhas kang kapara ngarep banjur ana bolongane telu cilik-cilik, kang siji kaprenah ana ing ngarep kapara ngisor, diarani cangkem, kang loro kepara ndhuwur, diarani cungur.
Mulane diarani cangkem, awit iku piranti kang minangka panancang sarta aningkem sakabehe kang sinerot. Dene cungur iku piranti kang minangka panuduh utawa mancung marang pernah saliring rurupan kang arep sinerot. Ing pernah gelitaning endhas lan gembung kang kakapara ngisor, uga banjur ana bolongane loro, diarani angsang. Mulane diarani mangkono, jalaran iku piranti kang kanggo anangsangake wetuning daya kang saka njero, kang supaya enggone ngetokake, bolongane mau ora kongsi kalebon ing banyune jaladri, dadi mung supaya mandheg utawa nangsang ana ing kono tumuli dinedel bali maneh. Sarta maneh peranganing endhas kapara ndhuwur ing kanan kiri banjur ana underane cilik-cilik, rupane bening kaya kaca, nganggo uwer (sèrèd) rupa telu. Rupaning sèrèd iku, kang tengah titik ireng bening, pinggire abang semu kuning, pinggire maneh abang semu putih, iya mangkono iku kang diarani mata. Mulane diarani mangkono, awit iku sawijining piranti kang bisa ngemot saliring rerupan, bisa katata ana ing sajeroningunderan iku, arane andulu utawa andelok, mula diarani mangkono awit saranduning bebadan kang ginawa obah dening karepe, banjur bisa nimbang lan bisa mangerti marang salah sawijining kaanan, kang bakal bisa cocog lan karepe kang dikira luwih perlu. Dene tembung andelok iku saka tembung ngandel lan mélok. Mulane mangkonio, awit saliring rurupan kang wus tinata dening underan mau, dayaning karep banjur bisa ngandel, yen rurupan iku sayekti (mélok).
Bareng wus arupa mangkono, kaanan iku panyerote sangsaya rosa, kongsi sarupaning kaanan (rurupan) kang ana sacedhake kono bisa katutn kaserot. Mulane bolonganing cangkeme banjur saya wuwuh amba lan perangan sacedhaking buntut kapara ngisor, banjur ana bolongane cilik, iya iku piranti kanggo ambuwang sisaning barang kang wus sinerot kalebu ing gembunge mau. Sarehning sabanjure tansah mangkono, dadi awake mundhak rosa lan mundhak gedhe, saya mundhak gedhene sangsaya kuwat panyerote, kongsi sarupaning kaanan kang kasar-kasar, kang bisa kalebu ing cangkeme, iya katut sinerot. Patrap anggone anglebokake samubarang ana ing cangkeme iku diarani mangan, awit iku manawa dineleng, mung maligi malebuning barang ana ing sajerone wenganing cangkeme tumeka sajerone gembunge, amarga pangane iku dadi butuh dayaning karep.
Samangsane sacedhake kono pangan sing dibutuhake wus ora nyukupi, serenging karep banjur ngetog daya kekuwatane kanggo marani (ngupaya) panggonaning pangan. Suwe-suwe bebadane kaleksanan bisa metu pirantine kang kanggo anggampangake lakune, kayata: kang ana ing kanan kirine gembung diarani ‘kèpèt’, kang ana ing sandhuwuring gembung diarani ‘siwar’, kang ana ing samburine bebadane diarani ‘buntut kèpèt’, ing sangisoring bebadane kapara mburi diaranin ‘siwit’. Bangsane titah sajeroning jaladri kang mangkono iku diarani ‘mina’.
Diarani ‘mina’ mbok manawa bae iya mung dijupuk gampange. Yaiku saka tembung ‘umi’ lan ‘warna’. Umi iku tegese wadon, amarga sawarnaning bangsa iku mau kabeh katone wadon; uwong ora gampang bisane ambedakake endi kang lanang lan endi kang wadon. Bangsane mina iku saya lawas banjur sangsaya pirang-pirang rupa, ana kang gedhe sarta ana kang cilik, marga keh sathithiking daya sarta sorot pletikane Guruning Ngadadi ora padha; apa maneh daya panyerote uga ora padha. bangsane mina iku kabeh uga nangkarake wiji sarana ‘nunggalake rasane’. Ing sajerone gembunge bisa ngandhegbpletikan Guruning Ngadadi, banjur dadi antiga kaya kang wis ningsun terangake ing ngarep. Suwe-suwe antigane ikub banjur diwetokake saka ing gembunge, dipernahake ana ing banyu kang akeh watune, didokokake ana ing sela-selane kono, utawa didokok ana ing wit-wiwtan lan gegodhongan kang ana ing sajeroning jaladri kono. Ana maneh kang didokok ana ing umpluking jaladri. Wusanane antiga mau iya banjur bisa dadi kayadene babone (bibite); suwe-suwe iya banjur bisa rusak lan tininggal dening jiwane (mati). Dene liyane banyu jaladri, ana maneh banyu ing kali-kali, tlaga-tlaga lan rawa-rawa, kabeh uga ana isen-isene bangsane mina kang dumadine uga meh ora beda karo mina ing sajeroning jaladri, mulane ora pati perlu manwa ingsun terangake. Cukup samene bae enggong ingsun nerangake sangkan paran, sarta sarasilahe isen-isen sajeroning jaladri.
Geneya pratala kang ora keleban dening banyuning jaladri iku diarani dharatan? Iya, jalaran pratala kang ora keleban ing banyu jaladri iku dadi dhedhasaring udara (langit), warata ing lumahing pratala kabeh, sanadyan kang legok luwik, kang krowong lan kang bolong, iya warata kaebekan ing udara. Mulane manawa njupuk gampange, karepe saka tembung udara lan kawaratan.
banyu udan kang tiba ing dharatan: iku tekane iya padha kabarengan sorot utawa cipratan Guruning Ngadadi, kang wus kasaring ing udara, sarta kang wus kamomoran daya saka kaanan pirang-pirang kang ana ing udara mau. Dharatan kang katiban ing banyu mau suwe-suwe banjur teles, marga wrataning banyu udan iku. Ana uga kang ora bisa kambah, iya iku mung panggonan kang gêrong miring,
marga lakuning banyu kaadhangan dening pratala sakdhuwuring gêrongan iku. Gêrongan kang mangkono mau diarani êrong, kang gêronge jembar diarani guwa. Mulane diarani mangkono, awit kang mlebu ing kono iku mung lugu dayaning hawa bae. Iku lumrahe enggone ngarani mau mung padha njupuk gampange bae.
Saya akeh udane, sangsaya nundhak telese, banyune nganti bisa mandheg watara suwe, katon ngêmbêng (megung), marga dharatan mau ora rata kabeh. Mangka wataking banyu iku mili, dadi lakune iya ora sabab saka urip lan saka karepe, nanging mung marani ing papan kang luwih cendhèk. dadi papan kang luwih cendhèk mau iya banjur kaêbêkan ing banyu, kongsi tembire (pinggire) pratala kang legok mau bisa jugrug kesuk dening gedhening banyu. Wusana banyu megung mau banjur wutah liwat tapaking jugrugan iku lan banjur bisa lumaku saparan-parane anut papan kang legok. Amarga lumahing bawana iki kang endhek dhewe iku jaladri, dadi lakuning banyu mau suwe-suwe iya banjur tekan jaladri kono. Ana ing jaladri kono iku banjur kumpul karo banyuning jaladri, mangkono ing sabanjure. Dene dalan lakuning banyu iku, diarani kali. Enggone ngarani mangkono iku mbok manawa iya mung njupuk gampange bae, jalaran katone kadadian iku saka kesuk ilining banyu.
Banyu udan liyane kang ora dadi kali, ana uga kang banjur kandheg ing papan kang nêla luwih amba (lega), dununge ana ing kanan kiringing ancala (gunung), utawa lambunge ancala. Kang mangkono iku diarani tlaga. Tlaga iku kang akeh pinggire pratala kang luwih kandel, mulane banget santosane lan ora gampang jugruge kaya dene pratala kang liya-liyane. Mung bae yen banyune kakehan, lowahing tlaga mau ora kamot, amesthi banyune iya nganti ngungkuli pinggiring tlaga iku, temahane banjur lubèr. Lubèring banyu iku iya mili nglumpuk nurut papan kang legok, suwe-suwe iya banjur dadi kali, terkadang banjur bisa gathuk karo kali liyane.
Ana maneh padunungan kang ora ana ing kanan kiringing gunung, nanging dumunung ana ing papan kang rata. Kala-kala ing kono uga ana kang endhek utawa legok, iku kaisenan ing banyu udan mau, sarta banyune iya uga banjur ngebeki papan kang legok mau, banjur diarani rawa. Mula diarani mangkono, awit padunungan iku, bareng wus kaisenan ing banyu, katara agawe buyaring hawa kang ana ing kono.
Saiki mbaleni pratala kang mung teles bae, lan kang ora kakembeng dening kehing banyu udan, bareng kataman sorot Guruning Ngadadi, kang tekane ing kono wus kawoworan dayaning surya lintang lan rembulan, sarta dayaning kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, pratala mau banjur nglumut. Lumute saya lawas sangsaya wuwuh kandele kongsi kawawa ngandhegake pletikaning Guruning Ngadadi. Suwe-suwe lumut mau iya banjur dadi wit-witan ora beda wit-witan kang ana ing sajeroning jaladri. Dene rawa-rawa iku, uga banjur ana lumute, lan lumut-lumut mau manawa oleh daya sorot Guruning Ngadadi, lan soroting surya lintang lan rembulan, kang wus kawoworan dayaning kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, suwe-suwe iya uga bisa dadi wit-witan, ananging racake ora pati gedhe lan ora pati dhuwur kaya dene wit-witan kang ana ing pentasan, utawa kang ana ing sajeroning jaladri. Sebab wit-witan kang ana ing pentasan utawa kang ana ing sajeroning jaladri iku peranganing badan kang ngisor nduweni piranti kang kraket karo pratala, iya iku kang diarani oyod. Dadi dayane pratala iku luwih akeh kang sinerot dening wit-witan mau. Mulane banjur luwih gedhe lan luwih dhuwur. Beda karo kang ana ing sandhuwuring banyu rawa, awit babadan lan oyode iku mung nemplek lan muled marang rereged kang raket karo dhedhasaring lumut mau. Ing ngisore dhedhasaring lumut iku sanyatane banyu, dadi ora sapirowa olehe daya saka pratala. Sawuse ing dharatan kang kakembeng ing banyu utawa kang ora kakembeng wus isi wit-witan (kekayon), wit-witan mau uwoh lan godhonge kang wus luwas banjur padha coplok uwal saka ing wite, ora beda karo wit-witan kang ana ing sajeroning jaladri.
Coploking uwoh kang ana ing dharatan iku mung tumiba ana ing sacedhake kono bae. Dene godhonge kang luwas mau banjur padha bosok, bosokane saya lawas saya wuwuh
akehe, sarta banjur carub karo pratala. Dene kang ana sandhuwuring banyu rawa uga banjur muwuhi kandeling lumut-lumut kang banjur njalari bisa tuwuh wit-witan kang cilik-cilik. Ana uga banjur rada gedhe, nanging rupane ora padha karo wit kang ngruntuhake godhong mau. Tetuwuhan kang cilik-cilik lan cendhak iku lumrahe diarani suket. Mulane diarane mangkono mbok manawa uga mung njupuk gampange bae, saka tembung ‘su’ lan ‘caket’. Su tegese luwih, caket tegese cendhak, dadi karepe tembung suket iku anandhakake yen wit-witan mau luwih cendhak tinimbang lan liyane.
Saiki wit-witan kang ora ana ing sandhuwuring banyu rawa, iku wohe kang akeh tiba ana ing sangisoring wite. terkadhang ana kang mung katut dening ilining banyu bae. Dene kang ora pati akeh bobote bisa katut dening lakuning maruta. Mulane kongsi bisa adoh padunungane saka lajering wit iku mau. Banjur ana kang thukul lan rupane ora siwah karo bibite. Dene kang tiba awor karo gegodhongan kang wus bosok, marga kataman daya bosokaning godhong mau, lan ora gampang bisane oleh soroting surya lintang lan rembulan, kang katut dening sorot Guruning Ngadadi, mulane iya ora gampang bisane thukul.

klik dibawah ini untuk saling berkomunikasi.. 
alamat facebook saya 

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Powered by Blogger